Sugeng rawuh ing Wikipédia Jawa
bauwarna mardika abasa Jawa kang diyasa sarana gugur-gunung
kang saiki ngemu 71.686 artikel
![]()
Patung Loro Bonyo saka Panaraga rikala abad kaping 17. Patung kuwi kerep ditemokaké ing senthong tengah utawa nalika mantènan. Ancasing patung kuwi yaiku supaya kulawarga kang nduwé patung pinaringan kasuburan lan karukunan.
Wikipédia iku bauwarna (encyclopedia) kang cumepak ing manéka basa (multilingual) tur olèh dibesut (edit), diturun (copy), lan dipandum (share) sapa baé kanthi mardika (free). Amarga cumepak ing manéka basa, mula ana Wikipédia basa Jawa iki kang kababar ing surya 8 Maret 2004. Saben wong olèh mbesut, nurun, lan mandum kaca ing Wikipédia iki. Tegesé, kowé bisa mèlu ngripta utawa nggawé artikel anyar, ndandani artikel kang durung becik, mulihaké artikel kang dirusak, lan sapanunggalané. Wong-wong kang tumandang mangkono aran naraguna (user). Kowé bisa nyawiji karo para naraguna liya ing paguyuban saperlu nuwuhaké, ngrembakakaké, lan ngregengaké Wikipédia iki. Wikipédia iki minangka salah siji barang wetoning Wikimedia Foundation, siji pakumpulan nirlaba, kang kanggo sapa baé tur lelahanan (gratis). Kowé ora perlu mbayar saperlu nggawé akun lan maca artikel ing Wikipédia iki. Sapréné, wis ana 54.532 akun lan 71.686 artikel ing Wikipédia basa Jawa. Ayo ngéwangi mbecikaké Wikipédia Jawa iki!
Dina iki
- 1756 - Sultan Hamengkubuwono I sacara resmi pindhah dhateng Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat.
- 1769 - Panjlajah Inggris, Kapten Cook, nemokaken Selandia Baru.
- 1919 - Maskapai panerbangan KLM dipundegaken ing Walandi.
- 1949 - Republik Demokratik Jerman mroklamiraken Berlin Wétan.
- 1950 - Pasukan AS nginvasi Korea Lèr kanthi ngliwati paralel kaping 38.
- 1963 - Badai Flora ngantem wilayah Haiti lan Republik Dominika, niwasaken 7.190 tiyang.
- 1999 - PAN lan Partai Kaadilan nelakaken dhukungan dhumateng Gus Dur kanggé dados Présidhèn RI.
- 2011 - Tigang jalmi wanita, Ellen Johnson-Sirleaf, Leymah Gbowee (Liberia) lan Tawakkul Karman (Yaman) mimpangaken Bebungah Nobel Perdamaian 2011
- 2011 - Maria Selena saking Jawi Tengah kapilih dados Putri Indonésia 2011.